40+ Soal dan Kunci Jawaban Sumatif Akhir Tahun (SAT) Bahasa Jawa Kelas X Semester 2

Kumpulan 40+ soal lengkap dengan pembahasan ini bisa bikin kalian auto lulus dengan nilai terbaik!
Sumatif Akhir Tahun (SAT) merupakan evaluasi penting bagi siswa kelas X untuk mengukur pemahaman mereka terhadap mata pelajaran Bahasa Jawa di semester 2. Agar lebih siap menghadapi ujian, pengajarpedia telah merangkum 40+ soal lengkap beserta kunci jawabannya yang bisa kalian gunakan sebagai bahan belajar.
40+ Soal dan Kunci Jawaban Sumatif Akhir Tahun (SAT) Bahasa Jawa Kelas X Semester 2 - www.pengajarpedia.com
40+ Soal dan Kunci Jawaban Sumatif Akhir Tahun (SAT) Bahasa Jawa Kelas X Semester 2

Dalam artikel ini, kalian akan menemukan berbagai jenis soal, mulai dari pilihan ganda hingga esai, yang disusun berdasarkan kurikulum terbaru. Tak hanya itu, kami juga menyertakan pembahasan jawaban agar kalian lebih mudah memahami konsep yang diuji. 

Yuk, simak soal-soalnya dan tingkatkan peluang sukses di SAT Bahasa Jawa! 

40+ Soal dan Kunci Jawaban Sumatif Akhir Tahun (SAT) Bahasa Jawa Kelas X Semester 2

1. Seratan ingkang wujudipun sami kaliyan syair, boten kapancang dhateng paugeran, lan wujud panguneg-uneg saking panyerat. Wedharan menika pangertosan saking...
a. Geguritan 
b. Macapat 
c. Sesorah
d. Wangsalan
e. Rinenggan
Jawaban : A

2. Ingkang boten kalebet titikan basa ing Geguritan inggih menika...
a. Mentes kanthi tembung-tembung gadhah makna lebet
b. Sedaya tembung-tembungipun kajlentrehaken cetha
c. Tembungipun cekak, padhet, mboten nggladrah
d. Ngemot rerengganing basa kadosta purwakanthi
e. Ngemot rerengganing basa kadosta lelewaning basa
Jawaban : B

3. Ciri ingkang paling leres saking geguritan gagrak enggal lan gagrak lawas inggih menika…
a. Geguritan gagrak enggal boten kaserat irah-irahan lan pangripta.
b. Geguritan gagrak lawas boten kaserat irahirahan lan pangripta.
c. Geguritan gagrak lawas nggatosaken guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
d. Geguritan gagrak enggal nggatosaken guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
e. Geguritan gagrak enggal ngginakaken tembung sun gegurit ing wiwitan pada.
Jawaban : B

4. Angleyang lelayangan nglayung lelayungan. Tuladha gatra geguritan menika ngginakaken purwakanthi....
a. Lagu 
b. Swara 
c. Lampah
d. Lumaksita
e. Sastra
Jawaban : E

5. Maos geguritan kedah nggatosaken wiraga, tegesipun
a. Isining geguritan kedah sami kaliyan raosipun manah.
b. Andhap inggiling swara nalika ngendika.
c. Ebahing badan lan pasuryan boten dipundamel-damel.
d. Pangucaping kandha kedah las-lasan.
e. Busananipun pantes lan trep.
Jawaban : C

ING NGAREPING YAMATO
dening Sapari
...
Jumedhor swara mimis
Kaya guntur nyamber ati miris

Sewu geni ora cukup
Banjir ludira ora ngukup
Padhang wis angslup nanging ora ana eyup
Umub…!!!

Sawangen ndhuwur cak!
Wis suwek biru! Sing ana mung abang putih
Aja saya lirih, aja dadi jirih
Senajan kudu ditohi getih!

6. Geguritan ing inggil nggambaraken swasana....
a. Bungah 
b. Tintrim 
c. Wedi
d. Semangat
e. Sungkawa
Jawaban : disini

7. Mosiking surya mokal ndedalu rasa. (surya = srengenge; mokal = ora bakal; ndedalu = gawe wengi) Saking andharan menika, panganggit ngandharaken bilih panganggit....
a. Sedhih pejah
b. Duka dhateng kasunyatan
c. Setya ing raos
d. Sampun telas pengarep-arepipun
e. Wani ngadhepi mengsah
Jawaban : disini

PEPETENG
……
Rumambat lung-lungan
Riris warih tumiba ngreripih
Datan kendhat rembes mili
Tembus ngrujit ati

Dhuh yayi pujaningwang
Jroning peteng tanpa surya tansah wewayang
Mula ndak gurit layang
Sun titip abyoring lintang
Tumekan sliramu, sayang
…….

8. Jroning peteng tanpa surya tansah wewayang. Tembung peteng ing geguritan Pepeteng gadhah makna dados…..
a. Sedhih 
b. Ireng 
c. Dalu
d. Oglangan
e. Sepi
Jawaban : disini

PEPETENG
……
Rumambat lung-lungan
Riris warih tumiba ngreripih
Datan kendhat rembes mili
Tembus ngrujit ati

Dhuh yayi pujaningwang
Jroning peteng tanpa surya tansah wewayang
Mula ndak gurit layang
Sun titip abyoring lintang
Tumekan sliramu, sayang
……

9. Wedharan ingkang paling boten leres saking geguritan Pepeteng inggih menika...
a. Panganggit dipungambaraken nangis nalika nyerat geguritan.
b. Panganggit nyerat geguritan kagem tiyang ingkang dipuntresnani.
c. Panganggit lan ingkang dipuntresnani nembe wonten papan ingkang tebih.
d. Panganggit nyerat geguritan amargi tansah kelingan dhateng ingkang dipuntresnani.
e. Panganggit nyerat geguritan minangka layang katresnan.
Jawaban : disini

PANGGERONE SI PODHANG
dening Kangsasari

He kanca kae rungokna
Si Podhang kok beda ing swara
Padatan nembang gawe rena
Saiki kok nggero kaya singa
Rumangsa agung nggembelo kaya nata
Nata kang ngratoni wana

Lha ning njur wagu
Sarwa sarwi dadi ora mutu
Yen nggero rumangsa sangar rak
panganggepmu?
Podhang luwih endah kaya mau-mau

Aja kaya manungsa
Sing kepingin basa kana-kana
Ning alane lali basa kang wus ana
Becike basa dhewe direksa, basa liya ditampa
He Si Podhang, aja kaya manungsa!

10. Tegesipun “nata kang ngratoni wana” ing pada 1 gatra 6 geguritan “Panggerone si Podhang” inggih menika...
a. Dipuntata kraton salebetipun wana.
b. Wana dipundamel kraton ingkang katata.
c. Dados raja ing salebetipun wana.
d. Mernata alas dados wujud kraton.
e. Raja ingkang nata alas.
Jawaban : disini

11. Pangrimbag utawi ngrimbag saged dipuntegesi...
a. Ngowahi susunan linguistik
b. Ngudhari rantaman basa
c. Ngowahi rantaman basa
d. Ngudhari struktur lingustik
e. Nata struktur linguistik
Jawaban : disini

12. Struktur linguistik ingkang tegesipun taksih relatif, ugi boten saged madeg piyambak. Tukadhanipun ing Gunungkidul wonten neh, gek, thik. Kasebut...
a. Morfem terikat
b. Morfem bebas
c. Polimorfem
d. Fonem terikat
e. Fonem bebas
Jawaban : disini

13. Ing tembung Indonesia, swara i lan a tetep kawaos piyambak-piyambak senajan jejer. Boten ilang, lesap, utawi dados swara sanes. Mila kasebut...
a. Fonem monoftong
b. Fonem diftong
c. Fonologi monoftong
d. Fonologi diftong
e. Fonem konsonan
Jawaban : disini

14. Ing Basa Jawi, campur 2 tembung kasebut…...
a. Frasa
b. Tembung Dwilingga
c. Tembung Lingga
d. Fonem
e. Tembung Andhahan
Jawaban : disini

15. Ing ngandhap menika ingkang kalebet aterater tri purusa, inggih menika....
a. ke-
b. kok-
c. pa-
d. pra-
e. kuma-
Jawaban : disini

16. Padatan hanuswara mapan ing tembung ingkang ukaranipun dados tanduk (aktif). Pramila tembung ingkang mawi hanuswara jinisipun…
a. aran
b. kaanan
c. panggandheng
d. kriya
e. katrangan
Jawaban : disini

17. Bangjo dumadi saking tembung abang lan ijo. Pramila kasebut tembung andhahan….
a. cambor tugel
b. cambor wutuh
c. dwiwasana
d. wancahan
e. dwiwacaka
Jawaban : disini

18. Tembung kekancan, rimbag ingkang paling leres inggih menika….
a. ke- + kanca + -an
b. ke- + kancan
c. kancan (dwipurwa)
d. ka- + kanca + -an
e. kanca (dwipurwa) + -an
Jawaban : disini

19. Rikat bidhal lampah perjurit perjurit nuju laga. Ing ukara inggil, ingkang kalebet tembung Andhahan inggih menika…..
a. rikat, nuju
b. lampah, nuju
c. perjurit, nuju
d. rikat, bidhal
e. perjurit, laga
Jawaban : disini

20. Sapa sing ngrusak gitarku iki mau? Tembung sapa ing ukara menika kalebet jinis....
a. Katrangan
b. Kaanan
c. Aran
d. Sesulih
e. Kriya
Jawaban : disini

21. Micara ing sangajenging tiyang kathah kanthi pangajab saged ngandharaken gagasan lan pamanggih kanthi sarana lesan, dipunwastani....
a. Pangongsadriya
b. Sesorah
c. Pranatacara
d. Macapat
e. Pangudasmara
Jawaban : disini

22. Pak Rahwana dados raja ing Negari Alengka. Nalika pengetan 17 Agustus, para mahasiswa KKN damel adicara. Pak Rahwana kasuwun rawuh, lajeng kasuwun paring pangandikan ing panggung. Kamangka Pak Rahwana babar blas boten nyamektakaken lan boten nginten menawi kasuwun paring pangandikan. Pramila sesorahipun kanthi cara...
a. Maos Teks
b. Apalan
c. Pointer
d. Impromtu
e. Ekstemporan
Jawaban : disini

23. Sesorah kanthi ancas mangsuli prembage saking ingkang kagungan kersa utawi tuan rumah, menika dipunwastani...
a. Pambagyaharja
b. Pangajab
c. Panglipur
d. Tanggap wacana
e. Wursitawara
Jawaban : disini

24. Bu Anoman kagungan kersa nggelar tayub ing sanggaripun. Ananging saderengipun tayub dipunwiwiti Bu Anoman paring pangandikan dhateng ingkang sami rawuh. Wosipun Bu Anoman ngaturi sugeng rawuh dhateng sedaya tamu. Ing sela-selaning ngaturi sugeng rawuh, Bu Anoman ugi tansah ngemutaken dhateng wigatinipun njagi tata krama lan tata susila ing pundi kemawon papan. Pramila sesorah ingkang dipunlampahi Bu Anoman gadhah ancas....
a. Tanggap Wacana lan Panglipur
b. Pambagyaharja lan Tanggap Wacana
c. Tanggap Wacana lan Pangajak
d. Pambagyaharja lan Pangajak
e. Pambagyaharja lan Panglipur
Jawaban : disini

25. Boten supe kinarya panjurung, minangka cundhakaning atur saking kadang warga desa saha sedaya kadang pangembat gati. Kepareng ndherek atur puja puji, puja brata asesanti konjuk ngarsaning Gusti Kang Murbeng Loka. Mugi sasampunipun adicara rasulan kanthi suka parisuka caos panglipur wonten ngarsanipun sedaya warga kanthi pagelaran kethoprak, saged mahanani ayom ayem tentrem. Sedaya gegayuhan warga saged kasembadan lan ujub caos syukur dhateng Gusti sageda kabul. Ing wasana namung pepuja mugi senadyanta nrajang ombak anggenipun sami pados pangupaboga nanging tetep pikantuk pangayomaning Gusti. Perangan sesorah ing inggil dipunwastani...
a. Pangajab 
b. Pamuji 
c. Panuwun
d. Pambagya
e. Pakurmatan
Jawaban : disini

26. Ingkang kinurmatan Bapak Chris Martin minangka vokalis Coldplay, para pangemban pangembating praja, Bapak Ibu promotor, sedaya volunteer lan rencang-rencang pamirsa konser ingkang mawantu ing kabagyan. Ingkang sepisan, sumangga.... Tembung rencang ing teks kasebut kirang leres, prayoginipun ngginakaken tembung...
a. Sentana
b. Pekathik
c. Rowang
d. Nayaka
e. Kanca
Jawaban : disini

27. Awit keparengipun Gusti kula panjengan saged makempal ing papan menika......
Senajan tembung makempal sampun kaprah, ingkang paling trep ngginakaken tembung....
a. Makempalipun 
b. Kumpul 
c. Nglumpukke
d. Manggolong
e. Kempal
Jawaban : disini

28. Nalika sesorah kedah cetha nalika ngandharaken saben tembung-tembungipun. Boten kesusu lan boten wonten wanda ingkang dipunseret. Saged ugi dipunwastani anggenipun ngendika menika kanthi las-lasan. Menika gayut kaliyan...
a. Wirama 
b. Wiraga 
c. Wicara
d. Wirasa
e. Wiguna
Jawaban : disini

29. Andi dipunpasrahi jejibahan ngisi sesorah ing mantenan. Dipunsaguhi, jebul ingkang dados manten mantanipun Andi. Anggenipun sesorah Andi tetep kanthi bungah jumbuh kaliyan kawontenan adicara. Tegesipun Andi netepi...
a. Wirasa
b. Wiraga
c. Wirama
d. Wiguna
e. Wicara
Jawaban : disini

30. Tan kasipat bisa jujur, tresna tuhu marang yayi, kathah lepat anggen kula matur, mila saestu nyuwun pangaksami. Perangan sesorah menika trep sanget menawi dados....
a. Salam pambuka
b. Pamuji
c. Pakurmatan
d. Pangajab
e. Salam panutup
Jawaban : disini

31. Kathah pemanggih ingkang ngandharaken pangertosan wayang, kajawi...
a. Saking tembung Ma Hyang
b. Saking jarwa dhosok wajib sembahyang
c. Saking piranti gagar mayang
d. Saking tembung ayang-ayang
e. Saking sarana nuju dhateng Gusti
Jawaban : disini

32. Piranti pagelaran wayang menika wujuding pralambang, kadosta debog ingkang nggambaraken...
a. Pralambanging napas
b. Surya utawi srengene
c. Wewujudaning hawa
d. Pratelan bumi ing marcapada
e. Gegambaran tawang
Jawaban : disini

33. Perlambang surya utawi srengenge ingkang tunggal madhangi jagad, lan sarana panguripan. Dipunlambangi dening piranti ingkang kasebut….
a. Keprak
b. Gembyok
c. Blencong
d. Cempala
e. Eblek
Jawaban : disini

34. Wilahan wesi, kuningan, utawi perunggu ingkang dipuncenthelaken ing sangajeng kothak. Dipuntata 5-6 wilahan, tanpa bantalan kayu, lan dipunjejak tanpa cempala suku. Piranti menika dipunwastani...
a. Keprak Sala 
b. Gawangan 
c. Palemahan
d. Blencong
e. Keprak Yogya
Jawaban : disini

35. Baboning cariyos wayang purwa saking kitab Ramayana lan Mahabharata. Wondene babon cariyos wayang Dupara ing Ngayogyakarta saking....
a. Serat Wedhatama
b. Serat Kancil
c. Serat Pararaton
d. Serat Menak
e. Serat Panji
Jawaban : disini

36. Jinis wayang ingkang wujudipun namung lembaran gambar. Menawi gantos adegan lajeng kagulung dipungantos lembaran sanesipun. Anggenipun nyolahaken namung dipuntuding-tudingi dening dhalang. Sampun badhe punah. Kasebut wayang….
a. Wayang Suluh
b. Wayang Gedhog
c. Wayang Beber
d. Wayang Madya
e. Wayang Klithik
Jawaban : disini

37. Ing ngandhap menika, gambar wayang purwa Anoman inggih menika….

Jawaban : disini

38. Putranipun Begawan Wisrawa lan Dewi Sukesi ingkang mbarep. Gadhah adhi cacah 3. Dados raja agung para raseksa. Kagungan ajiaji saben dipunpejahi, waton badanipun taksih sambung kaliyan bumi, saged gesang malih. Gesangipun risak amargi nglabuhi katresnan. Wayang saking tokoh menika, inggih menika...
Jawaban : disini

BRUBUH ALENGKA
Perang antawisipun wanara lan raseks dumados. Ngalengka katelasan senopati amargi sami pejah. Rayi Prabu Dasamuka ingkang nama Raden Kumbakarna. Sejatosipun boten kersa maju perang. Mila tapa sare boten saged dipungugah. Amargi kepepet lajeng dipungugah kanthi cara dipunsukani dhaharan kathah. Tetep boten kersa maju perang amargi boten kepingin cawe-cawe perkawis tiyang rebatan wanita. Ananging, sasampunipun Kumbakarna mangertos negara Ngalengka badhe risak, tuwuh rasa perwira. Adhedhasar boten mbelani kangmasipun nanging bela negari, Kumbakarna maju mawi busana sarwa putih. Maewu-ewu wanara pejah. Ramawijaya lajeng nglepasi panah. Kenging ing asta lan sukunipun Kumbakarna. Pedhot asta lan sukunipun. Wusana gugur Raden Kumbakarna.

39. Piwulang budi pekerti ing cariyos Brubuh Alengka inggih menika...
a. Senajan lepat kadang kandhung kedah dipunbela.
b. Boten perlu menggalihaken kawontenan negari.
c. Kedah cawe-cawe urusan rebatan wanita, menapa malih dening kadang pribadi.
d. Tinimbang pejah langkung sae nglajengaken sare.
e. Senajan kadang, nanging menawi lepat mboten dipunbela.
Jawaban : disini

40. Sipat Dewi Shinta ingkang kedah dipunsingkiri saking Cariyos Ramayana inggih menika…
a. Ngrebut garwanipun tiyang sanes kanthi cara menapa kemawon.
b. Menawi gadhah pepinginan kedah keturutan.
c. Gampang miyur nampi pangandikan ala saking tiyang sanes.
d. Gadhah sipat sujanan utawi cemburu senajan sampun kabukti klentu.
e. Bebela tiyang sanes mboten mawas leres menapa lepat tumindakipun.
Jawaban : disini

Dengan mengerjakan 40+ soal Sumatif Akhir Tahun (SAT) Bahasa Jawa Kelas X Semester 2, kalian bisa lebih percaya diri saat menghadapi ujian. Jangan lupa untuk memahami setiap jawaban agar tidak hanya hafal, tetapi juga benar-benar mengerti materi yang dipelajari.

Download Gratis Soal Bahasa Jawa Kelas X Semester 2

Soal Bahasa Jawa Kelas X Semester 2 197 Kb
Semoga artikel ini bermanfaat dan membantu kalian meraih hasil terbaik di SAT! Bagikan ke teman-teman kalian agar mereka juga bisa belajar bersama! 

Tetap semangat & sukses selalu!
Baca Juga :
Menulis Untuk Mengingat dan Berbagi

Posting Komentar

© 2021 - by Pengajar Pedia Pengajar Pedia
Pengajar Pedia

Gabung Grup Telegram